Mangan Opo? Tekani Pusat Kuliner Cilacap, Rasane Dijamin Ndower!


CILACAP NEWS
 - Warga Cilacap saiki ora perlu bingung golek panganan khas daerah! Pusat Kuliner Cilacap resmi dibuka lan siap manjain lidah pengunjung. Lokasine gampang ditemokke, yakni Plaza Sudirman, Pusat Kuliner Cilacap, pas banget kanggo wong-wong sing kepengin nyicipi kuliner asli Cilacap.

Buka saben sore jam 17.00 nganti 22.00 WIB, pusat kuliner iki ora mung nyediani panganan khas Cilacap, tapi uga macem-macem jajanan enak sing dijual UMKM lokal. Saka ikan bakar, brekecek, jajanan tradisional, nganti panganan bocah cilik, kabeh ana!

Dukung UMKM Cilacap, "Tekani Tukoni"!

Penjabat Bupati Cilacap, Mohamad Arief Irwanto, nyengkuyung banget keberadaan Pusat Kuliner iki. Dheweke ngarepake supaya bisa dadi rujukan kuliner paling komplit, ora mung kanggo wong Cilacap, tapi uga para wisatawan sing mampir.

“Mari kita dukung bareng supaya tambah maju! "Tekani Tukoni", sing teka kudu tuku! Ben UMKM Cilacap iso berkembang lan ngasilake lapangan kerja kanggo warga," ujare Pak Bupati nalika resmikan Pusat Kuliner Cilacap, Sabtu (15/2/2025).

Ketua Asosiasi UMKM Kabupaten Cilacap, Suwaryan, uga duwe harapan gedhe. Pusat Kuliner iki dirancang dadi destinasi wisata kuliner anyar ing Cilacap.

“Wis ana 30 stan saiki, lengkap karo menu khas Cilacap. Harapane, nek ono wong takon mangan enak nang endi, jawabane yo nang Pusat Kuliner Cilacap!” ujare Suwaryan.

Lokasi Nyaman, Cocok Kanggo Buka Bersama!


Ora mung sekadar mangan enak, Pusat Kuliner Cilacap uga cocok kanggo bukber (buka bersama) pas Ramadan. Lokasine luas, nyaman, lan bakal disediani meja kursi kanggo pengunjung.

“Bulan puasa nanti, kita siapin fasilitas luwih lengkap. Wis cocok banget kanggo bukber bareng keluarga utawa teman,” tambah Suwaryan.

Ora mung panganan, hiburan uga disiapke! Ana mobil videotron kanggo iklan, nobar, lan acara hiburan saben Sabtu malam sebulan sepisan. Ditambah promosi liwat media sosial, supaya dagangan para UMKM makin laris manis!

Jadi, ora perlu adoh-adoh, pengin mangan enak, nongkrong santai, utawa bukber? Tekani Pusat Kuliner Cilacap! Dijamin ketagihan!